Pleret

Pengajian Jum'at Pagi

TSALIS NUR SHOLIKHAH

infoPleret- Puteran ingkang kaping 2 siraman Rohani kanggo ASN, TNI, POLRI sarto Punggowo kalurahan sak kecamatan Pleret.

Dino Jum'at Suryo 17 Wulan Mei 2019 mapan Ono ing kalurahan Bawuran. Adicoro dipercayaake marang dukuh Kedungpring bapak. Subandi. WA. Kawiwitan jam 07.30 sakwuse atur Soko bapak lurah Bawuran tumuli dilajengake pengajian inti dene ingkang kajibah Soko kecamatan Pleret panjenengane ibu Any Muzayaroh, S.Ag. piyambake ngaturke bab niyat kang bener sarto nganjurake supoyo Podo dadi wong kang tansah istiqomah .

Kanggo mratelakake raos khurmat karono sasi romadhon lurah desa Bawuran ngaturke wujud bingkisan sekedar awujut sembako kanggo kang hadir.

Sakpurnaning acoro diumumake menowo pengajian seminggu kang bakal teko mapan ing kalurahan Segoroyoso, sakwuse nutup saka ehing adicoro tumuli katutup lam Kabeh kang hadir banjur podo Bali marang kantor Dewe-dewe nindake pakaryan koyo sabendinane. (jz12gws)