Sugeng Tindak Mbah Rosiyah

14 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 307 Kali
Sugeng Tindak Mbah Rosiyah

infoPleret-  Kaleres dinten Senin pon, Suryo kaping 12 Wulan Mei 2019. Simbah Rosiyah Puput yuswo kirang langkung 84 tahun.

Wargo masyarakat desa Pleret umumipun mratelakake kelangan sosok piyantun kang banget murakapi mungguheng keluargo kang darbe anak cilik. Amergo kegowo Soko pakaryane Mbah Rosiyah Almarhumah mergo tekan seprene durung Ono kang iso ganti profesine pinongko ahli mijit miligine anak-anak kang nembe lahir.

Almarhumah disarekake ing pemakaman umum pedukuhan Kanggotan wanci jam 14 utowo jam 2 awan.

Lurah desa Pleret bapak H. Nurman Afandi nyerahake kekancingan utowo Akte Kematian pinongko panjelmaning program Soko dinas kependudukan kabupaten Bantul yoiku pelayanan prima. Lurah ugo mratelakake nderek belo Sungkowo awet kapundutipun Simbah Rosiyah Almarhumah ing pangajab Mugo Simbah Sedo ingkang Khusnul khatimah, ugo tetep sabar kanggo keluargo ingkang katilar. (jz12gws)