Penggunaan Bahasa Jawa dalam Acara Pernikahan

01 Mei 2021
Taufiq Kamal, S.Kom, M.Cs.
Dibaca 11.411 Kali
Penggunaan Bahasa Jawa dalam Acara Pernikahan

Dewasa ini, penggunaan Bahasa Jawa dalam kehidupan sehari-hari sudah sangat jarang digunakan. Hal ini dapat mengikis budaya yang ada di Indonesia. Saat ini, khususnya anak-anak muda jarang berkomunikasi dengan bahasa Jawa, khususnya bahasa Jawa ragam Krama, baik ketika berbicara dengan guru maupun dengan orang tua. Mereka kurang mampu merangkai kata-kata berbahasa Jawa ragam karma, belum mampu untuk memahami dan menanggapi wacana pranatacara. Hal ini yang mendasari Kalurahan Pleret untuk terus bergerak melestarikan Budaya Jawa terutama penggunaan Bahasa Jawa dalam kehidupan sehari-hari.

Berikut ini contoh Pranatacara dalam acara Pernikahan :

Assalamu ‘alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

Kawulo nuwun panjenenganipun para pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang satuhu sampun pono ing pamawas, lebdo ing pitutur, kiblat ing panembah ingkang pantes pinundi soho kinabekten.

Dumateng poro sarjono sujaning budi, poro pangemban pangembating projo, poro satriyaning nagari ingkang minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Poro alim ulomo ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi. Poro baroyo wiro wiyoto ingkang marsudi ing reh kridaning budoyo menyang karyo.

Poro purnokaryo labet projo ingkang mahambek luhuring darmo, miwah poro kadang sutresno mudo werdo ingkang pantes sinudarsono, punopo dene poro tamu kakung miwah putri ingkang dahat kalinggo murdoning akrami.

Kanthi linambaran pepayung budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksomo mugi pinarengo kawulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro, dwaraning kondo, nun inggih mradopo wit saking keparengipun Bapak: ___ Kawulo piniji hanjejeri minongko pangendali woro, saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksono adicoro pawiwahan prasojo ing ratri kalenggahan puniko.

Sakderengipun kawulo ngaturaken menggah reroncening toto adicoro, kinaryo hamurwani lekas wekasing karti gatining karyo, murih purwo madya wasono tansah manggih rahayu kalising rubedo nir ing sambikolo, sumonggo langkung rumiyin kawulo derekaken sami manungku pujo, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwo lan kasaliro dumateng panjenengan sedoyo dalasan kawulo, sahinggo kito saget hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci soho keperluan rawuh kempal manunggal wonten sasono pawiwahan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun Bapak: _ anggenipun netepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepoko mulyo hamiwoho putro mahargyo siwi tetepo winengku ing suko basuki.

Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncening adicoro ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpoko dening poro kulo wongso nun inggih: __

Minongko purwakaning adicoro tinarbuko sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasono rinenggo.

Tanggap risang duto pametuk dupi hamirsani atmojo temanten putri lenggah anggono raras, tumunten bidal dumateng paleremanipun puro temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju dumateng sasono pawiwahan.

Saksampunipun putro temanten kakung rawuh wonten ing sasono rinenggo, tumunten kalajengaken adicoro pasrah panampi.

Paripurno adicoro pasrah panampi, kalajengaken daup panggihipun putro temanten anut satataning adat widi widono ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upocoro krobongan.

Madyaning suko ing kalenggahan meniko mboten kekilapan kadang besan sutresno, lekasing sedoyo ugi nderek mangyu bagyo keparengipun ingkang hamengku gati, milo lajeng manjing wonten pawiwahan, ginarubyuh sagunging poro kadang santono, tumunten kalajengaken upocoro sungkeman.

Ing saklajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantoro sakperlu ngaturaken pambagyo harjo katur panjenenganipun sagunging poro tamu.

Paripurno atur pambagyo harjo temanten sarimbit bade kalengseraken saking madyaning sasono wiwoho manjing sasono busono saperlu rucat busono kanarendran, santun busono kasatriyan.

Saksampunipun temanten sarimbit paripurno angagem busono kasatriyan, tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantoro poro tamu saperlu nyenyandang pudyastowo mrihwidadaning bebrayan. Wondene minongko pratondo paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo tumuju wiworo pawiwahan, tondo yekti pawiwahan sampun paripurno.

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko. Ingkang saklajengipun keparengo poro tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih miwah kulo derekaken hangrantos tumapaking adicoro, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing saking paguyuban: ingkang dipun pangarsani Bapak: _

Mekaten, nuwun, nuwun, matur nuwun . . . . . . . .

demikian contoh tentang MC bahasa jawa pernikahan yang dapat dijadikan sebagai panduan atau acuan dalam membawa acara bahasa jawa dalam acara walimahan atau walimatul ursy ngunduh mantu.

sugeng sonten, wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.

 

VIDEO