Kenopo Podo Ditinggalake

09 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 242 Kali
Kenopo Podo Ditinggalake

infoPleret- Acoro tv kang banget kebak pitutur malah Podo ora digatekake.TVRI saben wayah sore barengi wayah buko tayangan kang ngemot pitutur kanggone bocah malah ugo wong tuwo tumrap pandidike anak kanggo wektu iki, embuh mergo kakehan stasiun tv opo pancen perkembangan zaman kang wus akeh owah gingsire, program pemerintah kang dilewatake dinas kebudayaan propinsi DIY lantaran siaran cerito bersambung kanthi tokoh " KUNCUNG BAWUK " kang ceritane coro bersambung Podo kurang greget nonton.

Kamongko Yen digatekake Wiwit Soko tokoh kang diperanake Soko Kuncung,. Bwuk, bapakne, mbokne tokoh dukuh lan liyo-liyane Kabeh mujutake pitutur mungguheng tatanan ing rumah tangga, pasinaon lan lakuneng peprentahan. Mulo lantaran tulisan Iki tim SID Kalurahan Pleret ngajak marang poro pamerso kanggo pilah lan pilih hiburan lantaran layar koco kanggo keluargo meneh-meneh anake kang isih Ono ing bangku pasinaon amergo wus diakoni menowo TV RI iku kanyoto pinongko " media Pemersatu Bangsa " dadi Kabeh siarane mesti diseleksi ka ggo jogo mutu tayange. (jz12gws)