Buko Bareng Punggowo

12 Mei 2019
Vaksin
Dibaca 245 Kali
Buko Bareng Punggowo

infoPleret- Meneri Dino Minggu Suryo kaping 12 Wulan Mei 2019 punggowo kalurahan, BPD, wakil PKK, Karang Taruna lan Tokoh Masyarakat sak pejagong ing Bale Ayu kanthi Katon kebak semangat.

Acoro diwiwiti Soko jam 16 utowo 4 sore sinambi nunggu saate buko Poso, lurah desa Pleret H. Nurman Afandi sarto tetuaning BPD Podo ngaturke mungguh ananing acoro kasebut. Sakbanjure kaur program bapak Bintar Suprapdiyana ugo ngandarake bab RPJM des kang wus bakal wektune teko owah-owahan lantaran bakal tumekone RPJM des kanggo lakune pemerintahan desa kang bakal teko.

Nganti rampung anggone Podo ngandarake bab program karono iseh Ono wektu tumuli dibukak wektu kanggo ngudar gagasan ing antarane wakil-wakil Soko Lembaga terkait kanggo ngaturke mungguh programe kang bakal ditindakake deneng lembagane dewe-dewe supoyo lakune kegiatan biso luweh tumoto. Sakwuse tumeko wektu buko banjur Podo batalake posone lan diterusake sholat mahgrib Ono ing papan pangibadahan sakcerake warung Bale Ayu.

Amergo iseh akeh kang kudu dirembug lurah desa Pleret dawuhake Yen bab Iki bakal diterusake musyawarah Kanti wektu liyo Ono ing kantor. (jz12gws)