Sengkut Gumbregut

15 Mei 2019
Vaksin
Dibaca 261 Kali
Sengkut Gumbregut

infoPleret- Pengelola papan wisata Banyu Kencono ing tlatah pedukuhan Karet kang dipimpin Bapak Iswanto, S.Ag katon sengkut rikolo nindakake dandan-dandan papan wisata rikolo dino Seloso suryo kaping 14 wulan Mei 2019. Karono ing sasi poso mulo podho ditindakake ing wilayah dalu. Semangat e para pengelola patut diacungi jempol, karono wiwit jam 20.00 wengi nganti tekan jam 02.00 isuk dene pakaryan ing utomo yaiku mindah kapal kang ngongrok ana ing pinggiring kali banjur dipapak ake ing panggonan kang disawang pas lan resep katingalan para pengunjung.

Pangajaping para pengelola kaancas bakal tumekaning riyaya bisa narik pengunjung ora mung soko laladan Pleret nanging bisa narik wisatawan seje daerah dene kabeh mau wus disiapake dening pengelola kanthi cara maneko warno supaya bisa narik kawigaten mligine papan hiburan kanggo keluwarga rikalaning prei kerjo. Kejobo saka iku, pengelola uga ngrencanakke kuliner utawa warung jajanan kanggo para pengunjung dene wawasan saka pengelola ing papan mau bakal ditambah kegiatan werno-werno kayata papan kanggo poto-poto, pengelola uga nggawe jembatan kang ngubungake papan siji neng liane supoyo soyo jembar. (jz12gws)