Tarweh Sesarengan

15 Mei 2019
Vaksin
Dibaca 270 Kali
Tarweh Sesarengan

infoPleret- Malem 10 kang kaping 2 lurah desa lan perangkat desa sarto BPD desa Pleret Dino Rabu Suryo 15 Wulan Mei 2019 sholat bareng ing masjid Al-Mubarok pedukuhan Kauman.

Kang ngasto imam mantan dukuh Kauman bapak Muhadi sakbakdane sholat tumuli ramah tamah lan sambung roso dene takmir masjid ngaturke Pambagyo Harjo kang diwakili bapak doktor Muhajir, M.Pd.I., M.Si ngaturke owah-owahane jamaah masjid sarto kegiatan liyane ing pedukuhan kauman.

Sakbanjure ing adicoro sambutan pemerintah desa Pleret bapak lurah ugo ngendikake bab kegiatan kang Ono kaitane tumrap dana kang kanggo pemberdayaan jamaah menowo Ono kang bakal disuwunake lantaran dana desa supoyo gawe proposal lan diaturake lantaran kasi pelayanan kang membidangi kegiatan keagamaan. (jz12gws)