Siraman Rohani

10 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 290 Kali
Siraman Rohani

infoPleret- Pengajian Jumat esok pinongko gantine senam kang diadani deneng Pemerintah Kecamatan Pleret mapan ing Pendopo Kalurahan Wonolelo. Punggowo kang podo rawuh ing antarane TNI/POLRI, ASN se-Kecamatan Pleret soho Pamong Desa. Kang paring siraman rohani panjenengane Bapak Choiri, S.Ag pinongko penyuluh agama Kecamatan Pleret kang saben dinane lenggah ing KUA Kecamatan Pleret. Piyambake ngaturake babagan keimanan sarto tombo ati ing pangajab supoyo ASN, TNI/POLRI lan Pamong kareben soyo kenceng iman lan taqwane marang Gusti Allah. Sakpurnane pengajian diumumake menowo pengajian JUmat kang bakal teko mapan ing Kelurahan Bawuran, mulo kasuwun poro pamong, ASN, TNI/POLRI podo luweh mempeng anggone nekani pengajian kasebut. (jz12gws)