Tilik Wargo

14 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 249 Kali
Tilik Wargo

infoPleret-  Puteran ingkang kaping 2 tarweh keliling punggowo desa Pleret Soho BPD rikolo Dino Senin Suryo kaping 12 Wulan Mei 2019. Mapan ing masjid Ar-rahmat Tambalan pedukuhanTrayeman.

Sakbakdane sholat isa' lah tarweh kang jumeneng pinongko imam bapak H. Muhyiddin sarto lampaing acoro dipimpin bapak. Supoyo, S.Pd

Lurah desa Pleret tumuli kaparingan wekdal linen ngaturke sambutan. Ono ing sambutane lurah mratelakake menowo rumongso seneng mergo warga masyarakat tambalan tansah semangat nindakake sawenehing pangibadahan kalebu pepunden kang wus yuswo sepuh . Sakbanjure lurah ugo ngaturke menowo bakal mrogramake pembangunan supoyo nyuwun informasi marang bapak kasi pelayanan kanggo nerusake kegiatan ing masjid Ar-Rohmat. Lan ugo ngaturke sekedar dana stimulan .