Buko Bareng

17 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 207 Kali
Buko Bareng

infoPleret- Dino Kamis Suryo, 16 Wulan Mei 2019 dosen Akakom Edy Faisal, dukuh karet, tokoh masyarakat sarto perwakilan pamong kang bakal ngurusi papan wisoto " BANYU KENCONO "  ngarani buko bareng kawiwitan jam 16.00 wib, mapan ing papan boga Bale Ayu.

Sakdurunge tumeko wektu buko dienengake ngudar gagasan pinongko ngrembuk Banyu Kencono supoyo enggal" Katon Soyo rame LAN akeh pengunjunge.

Karono Kabeh mau butuh kawigaten kang luweh mulo Soko Akakom nawarake jasane kanggo amrih Enggal katakan sedyane.

Dukuh karet bapak Iswanto, S.Ag ugo ngaturke menowo ing Banyu Kencono bakal ditambah pembangunane awujud Gasebo ing titik-titik kang diwawas perlu kiro-kiro cacah 8, sarto bakal digawe lokasi dalan kanggo pengunjung kang darbe hoby numpak motor liwat dalan kang terjal.

Karono Kabeh kang diaturake bapak dukuh butuh pentungan kang Memet mulo ngudar gagasan kang mligi tumrap beo pembangunan Gasebo bakal dirembug Kanti wektu khusus ingbwektu liyo. (jz12gws)