Mbangun Deso

07 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 251 Kali
Mbangun Deso

infoPleret- Wargo masyarakat Pedukuhan Pungkuran nganti tumeko tanggal 7 Mei 2019 anggone bebodro bangunan pawiyatan kang mbesukke bakal dienggo pasinaon tataran TK lan kelompok belajar wus tumapak kiro-kiro 60%, dene bangunan mau wus kawiwitan rikolo tahun anggaran 2018 nganti tumeko saiki durung rampung panggarapane karono wuragat amung ngecakake redono soko Dana Desa kang di dum-dum ono ing 11 pedukuhan laladan Kelurahan Pleret. Bapak Dukuh Ariyanto ngandarake menowo pembangunan papan pawiyatan kasebut saklaku-lakune bakal terus ditindakake kanthi gotong royong wargo masyarakat Pedukuhan Pungkuran supoyo enggal-enggal rampung. (jz12gws)