Sholat Tarawih

08 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 262 Kali
Sholat Tarawih

infoPleret-  Waktu iku pentungan malem wengi kang kaping 3 Dino seloso Suryo kaping 7 Mei 2019 ing Mushola Amirul Ummah Keputren.

Jamaah Podo nindakake sholat isa' berjamaah lan diterusake sholat taraweh, wektu iku Imam bapak Suparto trep Karo jadwal kang wus kacetho deneng pengurus Mushola.

Sakpurnane sholat diterusake siraman Rohani dene ingkang paring siraman bapak Maryana, S.Pd kang diaturake yoiku nerangake jarwane Surat Al-baqoroh ngenengi bab pacoben mungguh uripeng manungso.

Dene Imam, penceramah LAN petugas liyane nganggo coro ganti-ganti saben Dino trep Karo jadwal ingkang wus tinoto deneng takmir, lan Kabeh mau mungguh ingkang kadapuk pinongko Imam sarto penceramah dipilihake wargo utowo tokoh kang buntas Babagan ngilmu Agomo ing pangajab biso kanggo mantepake keimanan ing masyarakat lingkungan Kono. (jz12gws)