Pengaosan IGTKI Kecamatan Pleret

09 Mei 2019
TSALIS NUR SHOLIKHAH
Dibaca 215 Kali
Pengaosan IGTKI Kecamatan Pleret

infoPleret-Pengaosan Ramadhan kang ditindakake deneng ibu-ibu guru TK lan PAUD kang diimpun ing Ikatan Guru TK Sak Kecamatan Pleret kang dipandegani deneng Ibu Sri Gandini, S.Pd mapan ing Pendopo Kelurahan Pleret dino Kemis suryo kaping 9 Mei 2019. Sakdurunge siraman rohani kang bakal diaturke marang Bapak KH. Harfiyanto, Ibu Sri Gandini pinongko tetuanggane paguyuban ngaturake pirang-pirang pengumuman mligine bab akreditasi, kajobo soko iku piyambake ngaturake roso panuwun kang gedhe marang TK utowo PAUD kang wis podho makili IGTK Kecamatan Pleret mbeber kesenian budaya ing Kabupaten Bantul kang dilaksanakake wulan kepungkur. Kejobo soko iku Ibu Sri Gandini ngaturake gumbiraning manah senajan durung podo oleh penghargaan utowo kejuaraan lan disuwun poro ibu guru utowo paud tansah ngetokake semangate kanggo didik murid e. (jz12gws)