Pasar Sore

07 Mei 2019
Vaksin
Dibaca 260 Kali
Pasar Sore

infoPleret-  Dino seloso Suryo kaping 7 Wulan Mei 2019 tim SID Kalurahan Pleret nanjihake ing sak pinggire pasar Pleret ing wewengkon pedukuhan kauman.

Dene ingkang sempat ketemu pedagang ibu Murni kang dasarake dagangan arupo sayuran, panganan mawerno-werno kang dadi goleksne wargo pinongko kanggo buko sakjrone nindakake Poso ing sasi romadhon.

Manut ngendikane ibu Murni seng sabendinane dagang ing papan iku mligi ing sasi Poso dagangane sansoyo pepak mergo nyediani wargo ingkang ora sempat masak maneko warno.

Kadang ibu Murni dagang kang diadep ugo ora anggone olah Dewe Kabeh, nanging ugo nompo setoran Soko ibu-ibu kang duwe kaprigelan masak ing omahe Kanti petungan ibu Murni jukuk bathi sakpantese mureh Kabeh biso mlaku lan ora ngapokake pelanggan. (jz12gws )